Dening: Yenny Listyana Idhawati
Bebedan jarik kambil sacukil
Petruk njoged kethuwal-kethuwil
bungahe dikatonake
mikat kowe sing anteng nyawang hape
Suwe banget jogedane
nganti kemringet awake
nganti meles jarike
nganti suda bungahe
malih pringisan raine
kowe tetep jenak nyawang hape
ora kepikat, ora kepikut
ora kober nguwongake
Petruk salin jarik kawung
gandhang swarane manggung
nembangake tembung-tembung
ngelingake kowe sing methentheng dolanan hape
Pirang-pirang pada cakepan dirampungake
nganti megap-megap ambegane
nganti kendho sabuke
nganti ilang bungahe
malih mencereng mripate
kowe tetep tumungkul menthelengi hape
ora krasa, ora rumangsa
ora gelem nggatekake
Petruk salin krubutan sarung
ndheprok nyekukruk bingung
ngelu sirahe nggregesi awake
kebanteren mikire
piye carane nyapih kowe saka hape
